SAPA BOSS E???
Ing sawijining sekolah SMA lagi ana mata pelajaran anyar,
yaiku PNWS alias pelajaran ngenani wakil rakyat. Bu guru wiwiti pelajaran
kanthi ngewenwhi pitakon marang murid-muride.
Guru: bupati lan wakil bupati, sing endi sing luwih duwur
lan kudu di hormati cah?
Murid: bupati buu!!
Guru: gubernur lan wakil gubernur, sing endi sing luwih
duwur lan kedah di hormati cah?
Murid: gubernur buu!!
Guru: presiden lan wakil presiden, sing endi sing luwih
duwur lan kedah di hormati cah?
Murid: presiden buu!!
Guru: rakyat lan wakil rakyat, sing endi sing luwih duwur
lan kedah di hormati cah?
Murid: sakjane rakyat bu..
Guru: loh, la ngapa kok sakjane??
Murid: amergi sakniki kuwalik bu.
Guru: piter.. Terus wakil rakyat kita kerep ketok ing ngendi
cah?
Murid: dateng TV bu.
Guru: amerga lapo cah?
Murid: skandal lan kasus bu
Guru: waduuuhh.. pinter-pinter murid-murid ibu. Terus cirine
wakil rakyat apa maneh cah?
Murid: sugih ndadak bu
Guru: teko ngendi cah duwite?
Murid: meneng-meneng kan nyolong bu
Guru: terus wakil rakyat lak sering ngenekake sidang, pirang
tahun pisan cah?
Murid: sakbendinten bu
Guru:kok iso cah?
Murid: kersane angsal tunjangan lan komisi rapat bu
Guru: biasane sing di bahas opo cah?
Murid: mboten jelas bu, melbet kuping kiwa medal kuping
tengen
Guru: rakyat lan wakil rakyat, sing endi sing bos e?
Murid: kudune rakyat bu
Guru: loh kok kudune??
Murid: enggeh bu, mergine aneh bu.
Guru: aneh ngapa?
Murid: masak bos kekurangan beras ing omahe, la wakile malah
enak-enakan impor beras
Guru:waahh.. wis pada pinter-pinter kabeh ya, sedurunge di
ajari wis pada ngerti ngenani wakil rakyat
Murid:nggeh lah bu,, niki lak pun mboten rahasia maleh. Rayat
sampun katah sing ngertos
Tidak ada komentar:
Posting Komentar