Dalan
Tresna
Gunawan ngusapi
kringet sing dleweran ing bathuke. Pikirane Campur adhuk. Gunawan lungguh ing
sandhinge kasur, anggone asih gletak,entek atine mikir asih,Asih tiba saka
undhag-undhag amarga tumor otak sing ngerogoti
awake, wis meh 2 minggu asih ora ngetokake
tanda-tanda urip.
Hubungane gunawan lan asih wis mlaku 9 taun. Awal
kenalane yaiku waktu asih pertama kali mlebu ing SMA. Asih kasil gawe gunawan kesengsem amergo parase kang ayu lan eseme kang ngenaki ati.
Gunawan lan Asih sedhilut maneh bakal rabi, nanging amarga tragedi iku kabeh
sing wis di rencanakne morat-marit. Apa maneh gunawan iku TNI-AL, gunawan kudu
melu pelatihan ing asrama. Iso dibayangne kepiye angele mertahanake hubungan kanthi keadaan ngunu iku. Gunawan
lan asih kelebu sukses, 9 taun wis bisa dilewati bareng-bareng.
*****
“piye kabare asih gun?” pitakone
Didik kanca cedhake Gunawan. Sing ditakoni mung meneng wae, mung Mbalang
liring ora mangsuli pitakone Didik.
“ya
kaya ngene iki dik” wangsulane gunawan Cendhak karo nyawang bakal bojone.
“iling
gun, apa sing kok rasakne pada karo apa sing di rasakne Asih. yen kowe nyerah,
Asih yo bakal nyerah. Mula kuatna ati mu gun, percaya wae karo kakuwatane
donga.”
“aku
ora ngerti kepiye gusti Allah nyiptakake taktir. Geneya waktu aku arep ngerabi Asih?”
“iku
bukti kuasane Allah gun, apa wae sing dikarepake Allah mesthi kedaden. Sabar
gun. Asih bakal waras. Kita dongakne wae muga-muga asih iso ngalahake penyakite.”
Pituture Didik marang Gunawan.
Didik
iku kancane Gunawan awit cilik. Biyen waktu isih SD karone nduweni
kekarepan dadi TNI-AL. Kekarepan iku meh gagal, didik meh gak keterima dadi
TNI-AL amarga kurang dhuwur. Awit cilik didik kalah karo gunawan. Semonouga
urusan katresnan, gunawan sing iso ngentukne asih.
*****
Gunawan
narima layang. Layang amanat saka bangsa indonesia. saiki daerah
segarane indonesia dadi rebutan maneh , dalan pungkasane mung perang, jelas iki tugase gunawan sing
dadi TNI-AL.
“kowe
bakal budhal ta le?” pitakone Mulyanto bapake Asih.
“mboten ngertos pak Cupet nalar kula , Sumpeg ati
kula. Kula mboten tega ninggalake Asih kanthi kahanan ngeten niki” sambate
gunawan
“gun, asih
bakal apik-apik wae. Bapak lan ibuk bakal jaga asih” wangsule pak mul
“tapi napa
mungkin kula saged tindhak yen pikiran kula terus mikiraken Asih. Mikiraken janji kula marang asih pak?”
“gun 9 taun iku dudu waktu sing sedela.
Kowe lan asih wis cukup ngerasakne pait getire urip bareng-bareng. 9 taun iku
cukup kanggo mu lan asih marekake masalah , ana lan ora anane wong sing
ditresnani. Percaya wae marang bapak le, iki amanat” tegese mulyanto
“utusan niki ndadak sanget pak. Pun seminggu kula mboten tumut
latiyan. kula ajrih
pak”
“hai
gun, apa kowe lali kowe iki TNI-AL. Kowe kudu siap ing medan apa wae lan
kapan wae.” Gunawan nyawang calon maratuwane sing ngadek ing ngarepe
“panjenengan yakin pak?”
“lakanana gun, lakanana tugas
mulia iki kangge indonesia.”
Gunawan isih ndingkluk “lakanana gun, kangge asih”
Omongane mulyanto sing keri bisa bangkitake semangate
gunawan. kepiye wae kahanan atine Gunawan yen wis kelingan marang asih,ing
wektu sedetik wae sing ana ing etan iso ngalih ngulon.
“nggih sampun pak,kangge asih”
“budhala gun. balia yen kowe wis dadi anak bangsa. Yen
kowe wis isa gawe kita bangga marang kemenangane indonesia”
*****
30 dinakelakon.
Asih slamet saka penyakite. Bener omonge Didik yen kita yakin marang kuasane
gusti kabeh bakal apik-apik wae.
“pak pun 2 dina kula
kundhur saking wisma gerah, nanging mas gun kok mboten mriki. Mas gun tenpundi
pak?”
“sih, kowe lak ngerti
to kerjane gunawan?”
“injih pak kulo
ngertos. Oh napa sakniki mas gun perang pak?”
“tenang ndhuk,
gunawan berjuang , iki amanat. Bangsa indonesia mbutuhne gunawan saiki. Donga
wae ndhuk supaya Gunawan slamet lan kasil”
“nanging asih dereng
nemoni mas gun pak, asih kangen mas gun pak”
Mulyanto meneng wae,
mul ninggalne anake dewean neng kamar. Asih pancen senengane ngunu, asih bakal
nangis dhewe, Asihemoh dikancani sapa wae, senajan gunawan. Isih genah ing pikirane asih nalika udan deres
bengi iku sedurunge asih tiba. Saiki asih mung isa nyawang bakal bojone ing
layar televisi. karo angen-angen ngenanidinamantena sing bakal tumiba sabubare
gunawan ngerampungake tugase.
*****
Dina sing dienteni
asih teka. Kabeh anggota TNI-AL bali gawa kasil. Kabeh keluwargane pada baris
ngenteni ing bandara. Asih wis ora sabar pengin nyawang gunawan, pengin
ngilangake rasa kangen sing ana ing atine. Asih bakal nagih cerita wektu
gunawan ing medan perang, kepiye rasane panganane, lan piye ngipine ing waktu wengi
“la kae rak Didik!”
omonge mulyanto
“mas gun mesthi ning
mburine Didik. Mas gun mesthi ngunu” pituture asih kanthi yakin
Sakbubare 15 menit
sih lan Mulyanto ngenteni Gunawan mudun saka pesawat. Nanging sing dienteni
malah ora ketok irunge.
“hai!! Didik!!”
celuke mulyanto. Didik banjur mlayu marani.
“alhamdulilah kowe rak
slamet to le?”
“alhamdulilah pak” jawabe
didik
“La endi gunawan?”
Didik ora mangsuli,
didik ndigkluk lan katon grusa-grusu.
“kowe nyapo le? Endi
kancamu gunawan?” dheseke mulyanto
“geh kados ngeten
pak. Kulo sae-sae mawon. Kulo mboten napa-napa pak.”
“mas gun paling isih
nyiapake oleh-oleh kanggo aku. Yo to Dik?” asih ngajak guyon. Nangin atine
didik koyo di iris ngrungokne pituture asih.
“dik, ayo ngomong
karo bapak wong 2 wae” ajake Mulyanto pas ngerti didik tambah grusagrusu.
“omongo le ,ana apa?”
“pak kula sae-sae
mawon. Amergi kula sakit waktu perang pak. Kulo mboten tumut perang. Kulo
mboten ngertos kedah dospundi nyeritakne kersane mboten Nggadho ati. Ngeten mawon pak..”
“aku ngerti dik sing kok maksud”
Didik nyawang mulyanto sing luwih dhisik nyawang
deweke. Banjur ngomongake babkangpenting
banget karo calon maratuwane kancane.
*****
“pak, dospundi pak?
Pundi mas gun?” bengoke asih.
“sih, rungokne bapak,
kowe bakal rabi karo didik” guneme mulyanto banjur ngalih.
“pak! Nopo maksudipun?
Kulo bakal rabi kaliyan mas gun pak. Napa mawon alangane!” omonge asih karo
mlayu nututi bapake.
“bapak, rungokne kula
pak!!”
“asih, kowe gak oleh
tresna maneh karo gunawan. Kowe kudu rabi koro didik.”
“mboten saget pak!
Napa maksude niki?” bengoke asih
“lilakne gunawan sih.
Gunawan Puput
yuswane.”
“mboten pak.. mboten..
ampun cios ngoten pak” asih Adus eluh ngrungone omongane bapake.
“ngapuranen aku sih, aku ora iso jaga gunawan” bisike
didik
Awake asih tiba ing lemah,karo nangis.
“aja omong mas gunawanku wis seda. Mas gun gak mungkin
ninggalne aku dhewe.”
“sih, lilakne gunawan. Gunawan gugur demi nyelametne
kita.”
“tenang ndhuk, ora mung kowe sing ngerasa kelangan
gunawan. Iki ana titipan saka gunawan kangge kowe. Ayo ndhuk , ayo bali lan
dimareni ing omah.”
Saknalikaomahe asih
udan tagis. Kabeh wong nangisi sedane gunawan.Cupet pangandel yen gunawan saiki
wis ora ana. Ora ana sing ngira yen gunawan Cendhak umure.
Gunawan sing Gedhe tekade, Jembar dhadhane,lanLandhep pikirane saiki wis ora
ana selawase. Wis ora ana maneh dina sing diarep-arep asih. Asih kudu rabi karo
didik ,amargo takdir kang dipilih Gunawan. ora ana maneh kepenginan ngerangkul awake gunawan kang keker.
Sing ana mung takdir sing gawe tatune ati. Asih mung isangerangkulnisane gunawan.