Rabu, 09 November 2016

GUYON MATON




SAPA BOSS E???


Ing sawijining sekolah SMA lagi ana mata pelajaran anyar, yaiku PNWS alias pelajaran ngenani wakil rakyat. Bu guru wiwiti pelajaran kanthi ngewenwhi pitakon marang murid-muride.
Guru: bupati lan wakil bupati, sing endi sing luwih duwur lan kudu di hormati cah?
Murid: bupati buu!!
Guru: gubernur lan wakil gubernur, sing endi sing luwih duwur lan kedah di hormati cah?
Murid: gubernur buu!!
Guru: presiden lan wakil presiden, sing endi sing luwih duwur lan kedah di hormati cah?
Murid: presiden buu!!
Guru: rakyat lan wakil rakyat, sing endi sing luwih duwur lan kedah di hormati cah?
Murid: sakjane rakyat bu..
Guru: loh, la ngapa kok sakjane??
Murid: amergi sakniki kuwalik bu.
Guru: piter.. Terus wakil rakyat kita kerep ketok ing ngendi cah?
Murid: dateng TV bu.
Guru: amerga lapo cah?
Murid: skandal lan kasus bu
Guru: waduuuhh.. pinter-pinter murid-murid ibu. Terus cirine wakil rakyat apa maneh cah?
Murid: sugih ndadak bu
Guru: teko ngendi cah duwite?
Murid: meneng-meneng kan nyolong bu
Guru: terus wakil rakyat lak sering ngenekake sidang, pirang tahun pisan cah?
Murid: sakbendinten bu
Guru:kok iso cah?
Murid: kersane angsal tunjangan lan komisi rapat bu
Guru: biasane sing di bahas opo cah?
Murid: mboten jelas bu, melbet kuping kiwa medal kuping tengen
Guru: rakyat lan wakil rakyat, sing endi sing bos e?
Murid: kudune rakyat bu
Guru: loh kok kudune??
Murid: enggeh bu, mergine aneh bu.
Guru: aneh ngapa?
Murid: masak bos kekurangan beras ing omahe, la wakile malah enak-enakan impor beras
Guru:waahh.. wis pada pinter-pinter kabeh ya, sedurunge di ajari wis pada ngerti ngenani wakil rakyat
Murid:nggeh lah bu,, niki lak pun mboten rahasia maleh. Rayat sampun katah sing ngertos

Tidak ada komentar:

Posting Komentar