Kamis, 11 Agustus 2016

cerkak basa jawa

Dalan Tresna

Gunawan ngusapi kringet sing dleweran ing bathuke. Pikirane Campur adhuk. Gunawan lungguh ing sandhinge kasur, anggone asih gletak,entek atine mikir asih,Asih tiba saka undhag-undhag amarga tumor otak sing ngerogoti awake, wis meh 2 minggu asih ora ngetokake tanda-tanda urip.
Hubungane gunawan lan asih wis mlaku 9 taun. Awal kenalane yaiku waktu asih pertama kali mlebu ing SMA. Asih kasil gawe gunawan kesengsem amergo parase kang ayu lan eseme kang ngenaki ati. Gunawan lan Asih sedhilut maneh bakal rabi, nanging amarga tragedi iku kabeh sing wis di rencanakne morat-marit. Apa maneh gunawan iku TNI-AL, gunawan kudu melu pelatihan ing asrama. Iso dibayangne kepiye angele mertahanake hubungan kanthi keadaan ngunu iku. Gunawan lan asih kelebu sukses, 9 taun wis bisa dilewati bareng-bareng.
*****
            “piye kabare asih gun?” pitakone Didik kanca cedhake Gunawan. Sing ditakoni mung meneng wae, mung Mbalang liring ora mangsuli pitakone Didik.
“ya kaya ngene iki dik” wangsulane gunawan Cendhak karo nyawang bakal bojone.
“iling gun, apa sing kok rasakne pada karo apa sing di rasakne Asih. yen kowe nyerah, Asih yo bakal nyerah. Mula kuatna ati mu gun, percaya wae karo kakuwatane donga.”
“aku ora ngerti kepiye gusti Allah nyiptakake taktir. Geneya waktu aku arep ngerabi Asih?”
“iku bukti kuasane Allah gun, apa wae sing dikarepake Allah mesthi kedaden. Sabar gun. Asih bakal waras. Kita dongakne wae muga-muga asih iso ngalahake penyakite.” Pituture Didik marang Gunawan.
Didik iku kancane Gunawan awit cilik. Biyen waktu isih SD karone nduweni kekarepan dadi TNI-AL. Kekarepan iku meh gagal, didik meh gak keterima dadi TNI-AL amarga kurang dhuwur. Awit cilik didik kalah karo gunawan. Semonouga urusan katresnan, gunawan sing iso ngentukne asih.
*****
            Gunawan narima layang. Layang amanat saka bangsa indonesia. saiki daerah segarane indonesia dadi rebutan maneh , dalan pungkasane mung perang, jelas iki tugase gunawan sing dadi TNI-AL.
“kowe bakal budhal ta le?” pitakone Mulyanto bapake Asih.
mboten ngertos pak Cupet nalar kula , Sumpeg ati kula. Kula mboten tega ninggalake Asih kanthi kahanan ngeten niki” sambate gunawan
“gun, asih bakal apik-apik wae. Bapak lan ibuk bakal jaga asih” wangsule pak mul
“tapi napa mungkin kula saged tindhak yen pikiran kula terus mikiraken Asih. Mikiraken janji kula marang asih pak?”
gun 9 taun iku dudu waktu sing sedela. Kowe lan asih wis cukup ngerasakne pait getire urip bareng-bareng. 9 taun iku cukup kanggo mu lan asih marekake masalah , ana lan ora anane wong sing ditresnani. Percaya wae marang bapak le, iki amanat” tegese mulyanto
“utusan niki ndadak sanget pak. Pun seminggu kula mboten tumut latiyan. kula ajrih pak”
“hai gun, apa kowe lali kowe iki TNI-AL. Kowe kudu siap ing medan apa wae lan kapan wae.” Gunawan nyawang calon maratuwane sing ngadek ing ngarepe
“panjenengan yakin pak?”
“lakanana gun, lakanana tugas mulia iki kangge indonesia.”
Gunawan isih ndingkluk “lakanana gun, kangge asih”
Omongane mulyanto sing keri bisa bangkitake semangate gunawan. kepiye wae kahanan atine Gunawan yen wis kelingan marang asih,ing wektu sedetik wae sing ana ing etan iso ngalih ngulon.
“nggih sampun pak,kangge asih”
“budhala gun. balia yen kowe wis dadi anak bangsa. Yen kowe wis isa gawe kita bangga marang kemenangane indonesia”
                                                                        *****
30 dinakelakon. Asih slamet saka penyakite. Bener omonge Didik yen kita yakin marang kuasane gusti kabeh bakal apik-apik wae.
“pak pun 2 dina kula kundhur saking wisma gerah, nanging mas gun kok mboten mriki. Mas gun tenpundi pak?”
“sih, kowe lak ngerti to kerjane gunawan?”
“injih pak kulo ngertos. Oh napa sakniki mas gun perang pak?”
“tenang ndhuk, gunawan berjuang , iki amanat. Bangsa indonesia mbutuhne gunawan saiki. Donga wae ndhuk supaya Gunawan slamet lan kasil”
“nanging asih dereng nemoni mas gun pak, asih kangen mas gun pak”
Mulyanto meneng wae, mul ninggalne anake dewean neng kamar. Asih pancen senengane ngunu, asih bakal nangis dhewe, Asihemoh dikancani sapa wae, senajan gunawan. Isih genah ing pikirane asih nalika udan deres bengi iku sedurunge asih tiba. Saiki asih mung isa nyawang bakal bojone ing layar televisi. karo angen-angen ngenanidinamantena sing bakal tumiba sabubare gunawan ngerampungake tugase.
                                                *****
Dina sing dienteni asih teka. Kabeh anggota TNI-AL bali gawa kasil. Kabeh keluwargane pada baris ngenteni ing bandara. Asih wis ora sabar pengin nyawang gunawan, pengin ngilangake rasa kangen sing ana ing atine. Asih bakal nagih cerita wektu gunawan ing medan perang, kepiye rasane panganane, lan piye ngipine ing waktu wengi
“la kae rak Didik!” omonge mulyanto
“mas gun mesthi ning mburine Didik. Mas gun mesthi ngunu” pituture asih kanthi yakin
Sakbubare 15 menit sih lan Mulyanto ngenteni Gunawan mudun saka pesawat. Nanging sing dienteni malah ora ketok irunge.
“hai!! Didik!!” celuke mulyanto. Didik banjur mlayu marani.
“alhamdulilah kowe rak slamet to le?”
“alhamdulilah pak” jawabe didik
“La endi gunawan?”
Didik ora mangsuli, didik ndigkluk lan katon grusa-grusu.
“kowe nyapo le? Endi kancamu gunawan?” dheseke mulyanto
“geh kados ngeten pak. Kulo sae-sae mawon. Kulo mboten napa-napa pak.”
“mas gun paling isih nyiapake oleh-oleh kanggo aku. Yo to Dik?” asih ngajak guyon. Nangin atine didik koyo di iris ngrungokne pituture asih.
“dik, ayo ngomong karo bapak wong 2 wae” ajake Mulyanto pas ngerti didik tambah grusagrusu.
“omongo le ,ana apa?”
“pak kula sae-sae mawon. Amergi kula sakit waktu perang pak. Kulo mboten tumut perang. Kulo mboten ngertos kedah dospundi nyeritakne kersane mboten Nggadho ati. Ngeten mawon pak..”
“aku ngerti dik sing kok maksud”
Didik nyawang mulyanto sing luwih dhisik nyawang deweke. Banjur ngomongake babkangpenting banget karo calon maratuwane kancane.
                                                *****
“pak, dospundi pak? Pundi mas gun?” bengoke asih.
“sih, rungokne bapak, kowe bakal rabi karo didik” guneme mulyanto banjur ngalih.
“pak! Nopo maksudipun? Kulo bakal rabi kaliyan mas gun pak. Napa mawon alangane!” omonge asih karo mlayu nututi bapake.
“bapak, rungokne kula pak!!”
“asih, kowe gak oleh tresna maneh karo gunawan. Kowe kudu rabi koro didik.”
“mboten saget pak! Napa maksude niki?” bengoke asih
“lilakne gunawan sih. Gunawan Puput yuswane.”
“mboten pak.. mboten..  ampun cios ngoten pak” asih Adus eluh ngrungone omongane bapake.
“ngapuranen aku sih, aku ora iso jaga gunawan” bisike didik
Awake asih tiba ing lemah,karo nangis.
“aja omong mas gunawanku wis seda. Mas gun gak mungkin ninggalne aku dhewe.”
“sih, lilakne gunawan. Gunawan gugur demi nyelametne kita.”
“tenang ndhuk, ora mung kowe sing ngerasa kelangan gunawan. Iki ana titipan saka gunawan kangge kowe. Ayo ndhuk , ayo bali lan dimareni ing omah.”
Saknalikaomahe asih udan tagis. Kabeh wong nangisi sedane gunawan.Cupet pangandel yen gunawan saiki wis ora ana. Ora ana sing ngira yen gunawan Cendhak umure. Gunawan sing Gedhe tekade, Jembar dhadhane,lanLandhep pikirane saiki wis ora ana selawase. Wis ora ana maneh dina sing diarep-arep asih. Asih kudu rabi karo didik ,amargo takdir kang dipilih Gunawan. ora ana maneh kepenginan ngerangkul awake gunawan kang keker. Sing ana mung takdir sing gawe tatune ati. Asih mung isangerangkulnisane gunawan.
Nyimpen waktukang endah iku. njajal tegar senajan ora isa. Jajaltresno marang didik kelawan ayang-ayange gunawan. kangge gunawan, yo mung kangge gunawan lan indonesia.gunawan Puput yuswa kangge indonesia, kangge negara sing ditresnani.

2 komentar: